Saturday, March 24, 2012

LOMBA NGARANG WACAN BOCAH “ABU NAWAS” MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT

Deadline: 3 Juni 2012

Kenal tokoh dongeng sing jenenge Abu Nawas? Mesthine padha kenal ya! Abu Nawas mujudake pawongan asal kutha Bagdad, Irak, kang kondhang pinter, lucu nanging uga jengkelake. Lucu, nggregetake, nanging akeh akale. Nganyelake, nanging tetep disenengi wong akeh merga lucu lan pinter.
Majalah PS ajeg ngemot cerita-cerita Abu Nawas iki ing saben taune. Lan kanggo mengeti ulang taune PS ing taun iki, Redaksi Nganakake LOMBA NGARANG WACAN BOCAH kanthi tema ABU NAWAS. Lomba iki bisa dieloni sapa wae, sing penting ora adoh saka kisahe Abu Nawas, pinter, lucu, nakal, bisa aweh panglipur lan ngandhut unsure pendidikan positif kanggo bocah-bocah. Crita ing lomba ngarang iki ora kudu ngangkat kisah jamane Raja Harun Ar Rasyid duk ing uni (jaman mbiyen), nanging bisa cerita carangan utawa fiksi kang mawa latar belakang fantasi uatawa khayali jaman saiki.
SYARAT LOMBA:
1.       Naskah tinarbuka kanggo umum
2.       Naskah ditulis ing basa Jawa, kudu asli, dudu terjemahan, sadhuran, utawa njupuk ides aka karya kang wis tau ana.
3.       Naskah during tau dimot ing media massa..
4.       Ide cerita bebas, asal cocog kanggokonsumsi bocah-bocah.
SYARAT TEKNIS:
1.       Saben peserta oleh ngirim naskah luwih saka siji
2.       Naskah diketik ing kertas utawa wujud digital . Yen diketik ing kertas ukuran folio kanthi jarak 2 spasi. Dawane tulisan maksimal 3 halaman. Yen diketik digital migunakake font Times New Roman size 12,ukuran halaman kertas A4, spasi 1.5 lan dawane tulisan 4500-5000 karakter utawa kurang luwih 2.5 halaman.
3.       Ing saben naskah dilampiri biografi singkat penulis, nomor telepon, lan fotokopi KTP.
4.       Naskah dilebokake amplop utawa diemail. Ing pojok amplop ditempeli kupon “Lomba Ngarang Wabo PS”. Naskah dikirim menyang: PANITIA LOMBA NGARANG WABO, REDAKSI MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT, JL. GNI 2 BUBUTAN, SURABAYA 60174 utawa dikirim menyang email: majalahps@gmail.com.
Kang dibiji ing lomba ngarang iki yakuwi kapinteran, kalucuan lan kenakalane Abu Nawas nanging tetep bisa aweh panglipur lan ngandhut unsure pendidikan positif marang bocah-bocah.
Naskah kang mlebu dadi hake redaksi lan ora dibalekake. Redaksi nduweni hak nerbitake karya peserta kang menang apadene ora menang ing majalah PS. Karya peserta kang menang kang dimot ing PS ora oleh honor maneh, suwalike karya peserta kang ora menang  nanging dimot ing PS bakal oleh honorarium. Lomba dibukak tanggal 12 Maret 2012 lan ditutup tanggal 3 Juni 2012. Pengumuman lomba bakal dimot ing PS No. 25/2012.
Hadiah:
Juara I: Rp. 1.000.000,00
Juara II: Rp. 750.000,00
Juara III: Rp. 250.000,00
Hadiah bakal dikirim lewat pos/transfer  liwat bank.
Nuwun.
Panitia Lomba.

No comments:

Post a Comment